Jumat, 08 Mei 2009

APA SICH FLU BABI ITU?

Flu babi

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Babi bisa nyandhang virus influenza sng bisa nular marang manungsa.

Flu babi (Basa Inggris: Swine influenza viruses utawa SIV) iku ngarujuk marang kasus influenza sing disebabaké déning Orthomyxoviruses endemic jroning populasi babi.

Strains SIV sing dikenali nganti dina iki diklasifikasèkaké minangka Influenzavirus C utawa salah siji saka werna-werna subtipe saka genus Influenzavirus A.[1]

Flu babi nulari manungsa saben taun lan umumé marang wong sing sesénggolan karo babi, senadyan ana uga kasus panularan liwat manungsa.[2] Gejalané klebu: nggreges (demam}, disorientasin, sendhi krasa kaku, muntah, lan ora sahar nganti tumekaning pati.[3] Virus Influenza A sub tipe H1N1, H1N2, H3N1 lan H3N2 dikenali minangka panyebab infeksi SIV.[4][5] lan H2N3.[6] Ing taun 2005 ditemokaké H5N1 nulari setengah saka populasi babi ing sawetara panggonan ing Indonesia, ananging tanpa nyebabaké gejala.[rujukan?] Chairul Nidom, sawijining virologist saka Universitas Airlangga babagan penyakit tropis ing Surabaya, Jawa Wétan, nganakaké riset mandhiri; ngetès getih saka 10 babi sing katon séhat dikandhangaké cedhak peternakan pitik ing Jawa Kulon sing kena wabah flu burung, Nature nglapuraké.[rujukan?] Lima saka sampel babi ngandhut virus H5N1. Pamaréntah Indonesia wiwit dina kuwi nemokaké asil sing padha ing sawetara dhaérah liya. Tès tambahan 150 babi ing sajabanè tlatah mau asilé negatif.[7] [8]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar